Sunday, January 27, 2008

"Kanggo sing rumangsa wong Sala"
Pilih endi : lara beleken sewulan ,
apa pilih korengen neng geger sak jam ?
Yen wong Sala asli, mesthi bisa njawab tepat !
Sing milih beleken sewulan tegese : wong keset.
(iso nggo alesan mbolos sekolah sewulan)
Sing milih korengen sak jam tegese : wong bodho.
Yen aku pribadi, ya pilih beleken sewulan. Mung telungpuluh dina ta ?
Dari pada korengen neng geger sak jam.
Ojo ngomong mung sak jam lho.
Maksute sak jam kuwi, ……"gedhene sak jam".
Mangka jame, jam pasar Gedhe.
Ngerti to, jam sing neng tengah prapatan pasar Gedhe kae.
Kayane kuwi jam sing paling gedhe sak kutho Sala.
Bisa dibayangke, korengen neng geger, gedhene sak jam pasar Gedhe
Yo wis, mestine yo wassalam.
Andum warisan. Yen ono sing didum….


--------------tjit-------------

No comments: