Buku dengan bahasa dan huruf Jawa yang disalin ke huruf Latin, dalam bahasa yang sama.
S e r a t
" W i c a r a S a n d i "
" W i c a r a S a n d i "
Mratelakaken watonipun tiyang gineman basa Jawi mawi wicara sandi
Ngantos ; 6 dhadhapukan
====oo0oo====
Condro sangkalaning warsa :
I k u r a r a s a n i n g m a n g g a l a s u t a
I k u r a r a s a n i n g m a n g g a l a s u t a
Duk rinipta :
MAS TANAYA
MAS TANAYA
Ing Surakarta
le Druk
UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL
STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM"
SOLO 1931
============================================================
STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM"
SOLO 1931
============================================================
Purwaka
Wiyosipun menggah tuwuhipun wicara sandi punika saweg jajahan kalih dasa tahunan sapriki. Sakawitipun kacarios makaten, salebetipun masa wau, ing nagari Surakarta sampun kathah para muda bongsa Jawi ingkang sami sinau adhadhasar basa Walandi, inggahipun nyandhak basa Inggris prasman tuwin dhidhong. Para mudha wau saben kapanggih kaliyan konca-kancanipun ingkang nunggil pasinaon, wicantenipun ingkang adhakan inggih sami ngangge basa wau, labet saweg sami sengsem angulinakaken pasinaonipun, mongka ing nalika semanten inggih kathah para muda bongsa Jawi, ingkang pasinaonipun adhadhasar basa lan sastra Jawi .
Rehning makaten kawontenipun dados para mudha ingkang pasinaonipun adhadhasar basa lan sastra Jawi wau. manawi miring ginemanipun para mudha golongan sanes sami ngangge basa ingkang piyambakipun boten mangretosi, punika nuwuhaken raosing manah : ewo. Sareng makaten dangu-dangu lajeng wonten ingkang tuwuh anggitipun, sumedya damel gagrag enggal, inggih punika wicara sandi. Pamrihipun supados menawi gineman boten gampil dipun mangretosi ing liyan, tumunten sami karembag kaliyan konca-kancanipun ingkang nunggil golongan, angraras wicara sandi wau, kalampahan sami saged saestu gineman mawi wicara sandi.

Sumebaripun lajeng tular-tumular katulad para muda ing pakampungan, dalah para diwasa jaler estri bongsa remen peprenesan, inggih sami mulad gineman cara makaten wau. Mila manawi sami gineman kaliyan konca-kancanipun ingkang nunggil laras, sanajan jaler sami jaler, estri sami estri, punapa malih jaler kaliyan estri, asring migunakaken wicara sandi. Langkung-langkung yen ingkang gineman wau estri bongsa prenes, dasar ingkang pancen jawet kewes wasis wicara tur wicaranipun gonas-ganes kenes merak ati, punika yen kamirengaken saya anggumujengaken sanget, lir ungeling bethet sewu, yen to menggap wicara wau wujud, bebasanipun : lir murca knedhepaken, saking bautipun matrapaken kedaling wicara, sajak mawi pacak gulu menglang-mengleng, menglengaken wadana, winantu sedheting liring, wah, sajake.
Nuwun mugi panjenenganipun para maos amengku pangaksama, dene anggen kula damel oreyan punika dapur anglantur, saking salugunipun inggih wonten sayektos kawontenan kados ingkang kula aturaken wau.
Nuwun mugi panjenenganipun para maos amengku pangaksama, dene anggen kula damel oreyan punika dapur anglantur, saking salugunipun inggih wonten sayektos kawontenan kados ingkang kula aturaken wau.
Samangke amangsuli jejeripun ingkang wigatos, menggah kawontenanipun wicara sandi wau, ingkang sampun nate kulo mirengaken, wnten pinten-pinten gagragan , nanging ing saweneh ing gagrag-gagragan wau , wonten ingkang boten gampil kaugeran sagetipun tampi-tinampi muhing kaliyan saweneh ing golonganipun piyambak-piyambak, tur ingkang sampun sami lebegipun anggilut satunggaling bab, ingkang kerep kasrambah dados pakulinanipun sadinten-dinten.
Dene ingkang sampun kula mangretosi, sarta kenging kaugeran pathokanipun, wonten nem dhadhapukan, ananging sarehning dereng wonten namanipun ingkang kenging kula kangge mastani bedo-bedaning dhadhapukanipun wau, dados sapuniko lajeng kulo namakaken piyambak-piyambak, ngangge tembung ingkang cepak kemawon, namung murih gampilipun kangge mastani bedo-bedaning dhadhapukanipun wicara sandi wau, punika namanipun satunggal-tunggal :

1. Wicara sandi panambang tina;
2. Wicara sandi garba sastra;
3. Wicara sandi ater-ater su;
4. Wicara sandi balis wara;
5. Wicara sandi lambang sastra;
6. Wicara sandi cara kabalik;
2. Wicara sandi garba sastra;
3. Wicara sandi ater-ater su;
4. Wicara sandi balis wara;
5. Wicara sandi lambang sastra;
6. Wicara sandi cara kabalik;
Saweneh ing mitra acariyos, bilih wicara sandi panambang tina punika asalipun malah saking lebet kraton. Ingkang nganggit sakawit kacariyos satunggaling para nyai ingkang wasis wicara.
Menggah andharanipun wicara sandi nem dhadhapukan wau, kados ingkang badhe kulo pratelakaken sadoya ing dalem serat punika.
Sedyaning manah muhung amengeti, bilih wiwit ing masa wau bongsa Jawi wonten ingkang tuwuh anggitipun angawontenaken wicara sandi.
Ing Surakarta, warsa cinondro sangkala : Iku rarasaning manggala suta.
"Cara Kabalik"
Ingkang kaping nem, anggelaraken wawatonipun wicara sandi cara kabalik, pratelanipun kasebut ing ngandhap punika.
Menggah wawatonipun wicara sandi cara kabalik punika, mendhet saking sastraning tembung, lajeng dipun cara kabalik, inggih punika sastra ingkang pancenipun aksara : ha, kawalik dados nga, aksara : na, kawalik dados tha.
Makaten salajengipun kados ing ngandhap punika pratelaning walikanipun.
ha -- nga da -- nya pa -- la ma -- ka
na -- tha ta -- ya dha -- wa ga -- ra
ca -- ba sa -- ja ja -- sa ba -- ca
ra -- ga wa -- dha ya -- ta tha -- na
ka -- ma la -- pa nya -- da nga -- ha
na -- tha ta -- ya dha -- wa ga -- ra
ca -- ba sa -- ja ja -- sa ba -- ca
ra -- ga wa -- dha ya -- ta tha -- na
ka -- ma la -- pa nya -- da nga -- ha
ha na ca ra ka da ta sa wa la
nga tha ba ga ma nya ya ja dha pa
nga tha ba ga ma nya ya ja dha pa
pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga
la wa sa ta da ka ra ca na ha
la wa sa ta da ka ra ca na ha
Kajawi aksara swara : a punika sarehning boten wonten walikanipun dados inggih kaungelaken punapa tetep ing aksara : a kemawon.
Panganggenipun makaten saben sawanda aksaraning sastranipun dipun cara kabalik, nanging sandangan lan sisigegipun tetep boten ewah pamanggenipun, sandangan lan sisigegipun wau kaumpamekaken kursi, aksaraning sastranipun kaumpamekaken tiyang. Umpami kursi angka 1 suwau dipun lenggahi tiyang kidulan (ha), sapunika kasantunan ingkang anglenggahi, inggih punika tiyang leran (nga), dados saumpaminipun.

wicara : dipun wicarakaken :
pak-- tak
luh --puh
dhi --wi
kang --mang
le --pe
ana --ngatha
nanging-- thahing
kowe --modhe
aku --ngamu
ora-- ngoga
mangkono --kangmotho
nagara --tharaga
saiki-- jamingi
kulina --mupitha
sarimurni-- jagikurthi
kayulegi-- matuperi
ceremende --begekenye
kacangtholo-- mabangnopo
nilapakaja --thipalamasa
yuda nagari --tunya tharagi
kerata basa --megaya caya
kretartotama --mreyaryoyaka
luh --puh
dhi --wi
kang --mang
le --pe
ana --ngatha
nanging-- thahing
kowe --modhe
aku --ngamu
ora-- ngoga
mangkono --kangmotho
nagara --tharaga
saiki-- jamingi
kulina --mupitha
sarimurni-- jagikurthi
kayulegi-- matuperi
ceremende --begekenye
kacangtholo-- mabangnopo
nilapakaja --thipalamasa
yuda nagari --tunya tharagi
kerata basa --megaya caya
kretartotama --mreyaryoyaka
Tumrap ingkang dereng kulino, rumaos angel sanget. Nanging manawi sampun lanyah cara kabalik tanggap-tandukipun nggih gampil kewawon.
-------------------- t i t i---------------------
-------------------- t i t i---------------------
No comments:
Post a Comment